HUKUM RIMBA

Hubungan Kuat Untuk Mencari Impian Bersama

Menu

Jame Lare Hukum Rimba

Komentar

Sopo Baen Hang Moco

Goog

Acara BEM (Bengi Enake Melekan) wes dimulai reng dino sabtu iki tanggal 17 Januari 2009. Acara hang diadaken tiap malem minggu iku rame temenan. Kelendi seng arepe rame. Diawali ambi gendingan - gendingan hang biso ngangkat semangat, lare - lare ono hang belajar(sharing) C#, excel, lan liyan - liyane. Nah hang milu acara BEM iki sementara ono:

  1. Alpoon
  2. Andy Jhon
  3. Arip
  4. Memed
  5. Erwin
  6. Ryo
  7. Tyo
  8. Havied (kasep tekone....)
  9. Ipod lare angakatan 2008
  10. Vendhi
  11. Yudi lare angakatan 2008


Kadong hang pateng temenan arane memed begh belajar dewek. Yho emboh belajar paran...!


Ono hang gitaran. Nah iki mastere C#...arane Andy Jhon. Kadong riko kepengen takon - takon ilmu C# yho nang lare iki...

Ryo mageh ngelenteng bakok. Dadi seng weroh kadong arep dipoto. Nah kadong konco iki paling pinter nong arane MiRC (Chatingan). Arep njaluk script paran riko ? Duwe kabeh paran maning friendster paling siep pokoke wes.


Kadong hang iki wes seng pinter bisone cuma guyon baen... Arane erwin. Lare iki yho gedidi iku wes. Lare Tempo Doeloe......! Seng Duwe Isin


Arane arip demen nyanyi. Paran maning lagu osingan. Ambi Rokokan. Begh wuenak lek...! Gendingan ambi jogetan mbeh koyok nang grajagan baen yho!

Kadong hang iki lare maba angkatan 2008. Arane mas Yudi. Dibelani seng mole kepengen belajar excel takon nang lare - lare (alpoon ambi Tyo). Mergane jare ono tugas teko dosene.. Semangat yho kang pasti diajari...!


Iki suguhane kopi cemeng plus BEM (Bakok Emank Manteb). Jajane gedang goreng mbok Rodiyah. Sayange seng onok kopi susune hehe.. Kari meleh wes. Dijamin seng entek - entek hang arane bakok ikuw.......!

Mari mangan - mangan lan belajar. Ono hang memengan freestyle sepak bola. Begh kari seg kesel - kesel yho. Mergane kesok seng latihan arepe onok RAKER BEM. Dadi prei solonh yha...!

Oh yo lare...? Meh baen lali. Nah kadong konco - konco hang demen ambi hang arane chating! Begh pokoke betah wes kadong wes nang ngarepe komputer chatingan. Pokoke lali mangan paran maning adus he..he.. Nah iki ono carane smsan liwat MiRC.

Nah kadong riko demen nganggo server allnetwork (Iki bisanae akeh hang mlebu) iku coba mlebu nang channel #indosms



Nah kadong hang biasa nganggo server DalNet coba gabung (join) nang channel #iguanasms, #freesms, lan #smsgratis.


Nahkadong wes gabung nang channel iku mau, wes kari milu carane baen. nang kono wes ono carane. Yo wes yhagedigu baen tips iki. Mugo baen konco kabeh demen. Mergane sms seng usah bayar alias GRATIS.

Ojo Lali komentare yha...! Sun enteni............!!!



eh..konco iki ono tips rahasia hang anyar maning. Rahasia iki nemu nang internet. Kadong arep nyoba tips iki yo monggo. Riko biso ndeleng isi hp lare liyo lan biso ngerem pesen pisan. Enak ro...!!! Walah wes kadong ngomyong enake tips iki. Nganggo bluetooth yo biso! Pengen ngerti carane ??? Lanjut wes...!

Pengen weroh carane.... riko kabeh kudu download tutoriale hang formate PDF. Tapi riko kudu janji nganggo rahasia iki dinggo hang apik. Iki memang tips nakal teko dunia teknologi informasi.

Download tutoriale nang kene :




Tutoriale


Passworde


Jatidiri  

Teko webmastere 0 komentar

  • Pengantar
Hukum Rimba saiki wez wanen nampilaken jatidirine liwat blog hang duweni aran http://hukum-rimba.blogspot.com. Blog iki digawe gedi harapan kanggo mbangun ruang diskusi lan pemikiran – pemikiran konco hang kependem reng ati. Supoyone biso disampekaken nang blog iki. Nawi baen konco – konco liyane hang ndeleng blog iki khususe lare – lare Hukum Rimba biso byantu mecahaken masalahe riko.
Blog iki sengojo dilaunching ring ulan iki dingo ngawali taun 2009 lan nganggo boso osing. Mergane lare - lare HUKUM RIMBA nganggo boso osing kabeh. Dadi seng ono omongan ora-oraan / gak-gakan. Kadong memang ngaku lare osing utowo wong Banyuwangi iku kudu biso boso osing. Kru yo jaluk sepurane solong kadong konco - konco seng ngerti. Artikel/postingan hang asale teko kru Hukum Rimba mugo baen biso dikenal luas reng dunyo iki.
Seng ono gading hang seng retak. Blog iki yho gedigu pisan mageh akeh kekurangane. Kru kabeh yo jaluk saran hang biso mbangun supoyo blog iki apik lan konco kabeh biso demen.Sak mene baen pengantare mugo biso duweni manfaat kanggo hang nolis lan hang moco.

Kanggo konco kabeh lare STIKOM Banyuwangi hang nang umahe seng ono hang digawe, lare - lare BEM khususe hang pateng nang BEM ngadakaken acara hang duwe aran

BEM (Bengi Enake Melekan)

Acara iki diadaken tiap malem minggu kiro - kiro mulai jam 9 bengi. Tempate yo nang kampus STIKOM Banyuwangi. nang kono iku konco - konco yo biso sharing - sharing tentang ilmu. Lan engkok ono acara LIVE-MUSIK teko lare - lare HUKUM RIMBA. Wes ta pokoke puas.........!
Hun enteni teko riko kabeh yha....!

Seneng ati kadong riko kabeh mageh tetep demen reng blog iki. Iki ono kabar hang paling anyar teko webmaster. Kanggo konco - konco hang demen friendsteran saiki ono kabar apik. Saiki sms seng usah nganggo pulsa wes. Mergane saiki ono trik khusus hang biso smsan liwat friendster. Enak oro siji peces mageh pendo seng usah kakeen meker (Koyo bojok baen..!). Terus terang baen iki rahasia lan mageh sitik hang ngerti. Lare - lare HUKUM RIMBA wes nerapno rahasia iku.


Lah kesuwon seng usah kakeen ngomyong langsung baen yha.Gedigi carane :
  1. Riko kabeh login nang friendster. Kadong seng duwe yho daftaro solong.
  2. Kadong wes login bukao tab anyar utowo langsung klik ctrl + T.
  3. Ketiken www.dodotext.com utowone klik iki baen >>> SMS GRATIS <<<.
  4. Sak benere nganggo facebook yho keneng tapi konco - konco demen nganggo friendster.
  5. Terus klik friendster kadong riko kabeh nganggo friendster.
6. Mari gedigu metu tampilan koyo gedigi.



7. Setingen dewek negorone lan nomere tujuane. Terus karep riko wes arep sms paran.
8. Kadong wes biso yo ojo lali komentare yha lan rokoke ha..ha..
9. Kadong nganngo facebook cobaen dewek ya.


  • Sejarah
HUKUM RIMBA iki lahir teko kumpulane lare STIKOM Banyuwangi angkatan 2007. Dadi gedigi ceritone..Lare - lare waktu iku istirahat nang warung ngarepan kampus dadi ngomongno masalah sepak bola, mergane lare - lare hang ono nang kono iku seru demene ambi hang arane sepak bola. Nah.. omong klamong kok nyambung kabeh omongane. Ketemu tiap dinoe yho nang warung iku wez (demen ngipok kabeh). Seng sampek nang kono kumpule lare - lare iku mau. Mole kuliah yho mageh baen seng langsung mole. Ayo coba nang endi ? Maen remi samprit nang umahe lare - lare (gantian).Iku tiap dino wez minimal mole gadug kampus iku jam 11 bengi.
Kecanduen maen remi lare - lare ngadaken lomba samprit. Masaalah pokoke wes..! Diwara lare - lare iki edan kabeh. Tapi Hang nggarai lare - lare iku seng bosen lan betah iku (ono rokoke,he,,,he,,,) masio lare - lare iku gedigu tapi kuliah yo tetep nyantol uteke. Teko kono iku lare - lare ngaranaken kumpulan iku ambi aran hukum rimba. Artine iku hubungan kuat untuk mencari impian bersama.

  • Arti HUKUM RIMBA
HUKUM RIMBA iku sak temene singkatan. Singkatane hubungan kuat untuk mencari impian bersama. Maksude iku Lare - lare HUKUM RIMBA kabeh iku duwe hubungan hang kuat. Mergane tiap ono paran baen, nang endi baen iku pasti bareng - bareng selama iku seng masalah pribadi. Dadi atine lare - lare iki nyatu. Kadong wes nyatu iku enak arep paran baen iku gampang dilakoni. Angen - angen hang koyo kelendi wes pasti biso gijowot masio nang duwurew langet kono.

Anyar

Omong Kelamong


Ngomyong Sak Koncoan

Banner

bannerku

Jumlah Hang Nyambang

Free Hit Counter
Tukang Ngitung